Yeremia 11:8-13 Kitab Sutji (JAV)

8. Ewadene padha emoh ngrungokake lan nggatekake, nanging siji-sijine malah padha nekad nuruti atine kang ala; Ingsun wus ndhatengake sakehing surasane prasetyan iki, kang wus Sundhawuhake murih ditetepana, nanging padha ora ngestokake.”

9. Pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “Panunggalane wong Yehuda lan wong isining kutha Yerusalem tinemu padha sekuthon nglakoni ala.

10. Wong iku wus padha mbaleni pialaning para leluhure, kang wus padha lumuh ngrungokake dhawuhingSun. Padha ngetutwuri allah liyane lan dibekteni. Para turune Israel lan Yehuda wus padha nyelaki prasetyaningSun, kang Sundamel karo para leluhure.

11. Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, Ingsun bakal ndhawahake bilai marang bangsa iki, kang ora bisa dioncati lan samangsa sesambat marang Ingsun ora bakal Sunpidhangetake.

12. Lan sanadyan kutha-kuthane Yehuda lan wong isine Yerusalem padha sesambat marang allahe kang disembah sarana kurban obaran, nanging allah iku babar pisan ora bisa mitulungi, nalika padha tinempuh ing bilai.

13. Amarga sapira cacahe kuthanira, iya samono cacahe allahira, he Yehuda, lan sapira cacahe lurung ing Yerusalem, iya samono cacahe misbyah yeyasanira kanggo allah kang nistha iku, misbyah-misbyah kang kanggo kekutug marang Baal.

Yeremia 11