1. Aku banjur krungu Panjenengane ngandika kalawan swara sora mangkene: “Padha majua mrene, he para kang kuwajiban nibakake paukuman marang kutha iki! Siji-sijine nggawaa piranti kanggo nyirnakake.”
2. Lah ana wong lanang enem kang teka saka ing lawang gapura ing dhuwur, kang marep ngalor, siji-sijine nggawa piranti pangremuk. Panunggalane ana siji kang manganggo mori, kang ing lambunge ana pirantine kanggo nulis. Wong mau padha lumebu lan ngadeg sandhing misbyah tembaga.
3. Ing nalika iku kamulyaning Allahe Israel wus mumbul saka ing kerub papane sakawit, minggah ing tlundhaging lawange Padaleman Suci. Pangeran banjur nimbali wong kang manganggo mori lan nggawa piranti nulis ana ing lambunge,