Yeheskiel 45:7-13 Kitab Sutji (JAV)

7. Anadene bageaning raja iku kudu dumunung ana ing sakulone lan sawetane pisungsung mligi kang suci lan duweke kutha iku kudu adu wates karo perangan loro mau. Sisihe kulon kudu nganti tekan wates kulon lan sisihe wetan kudu tekan wates wetan. Dadi dawane kudu padha karo dawane bageane taler Israel siji, yaiku wiwit wates kulon nganti tekan wates wetan ing nagara iku.

8. Iku kang dadi bageane ana ing tanah Israel. Lan para raja Israel ora bakal nindhes umatingSun maneh sarta bakal padha masrahake nagara iku marang turune Israel manut taler-talere.”

9. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Iku wus cukup, he, para raja Israel, sira ngedohna tumindak keras lan aniaya, tuwin nindakna pangadilan lan kabeneran; lerenana anggonira nindakake kekerasan, yaiku anggonira nundhungi umatingSun saka ing tanah, kang dadi duweke; mangkono pangandikane Sang Yehuwah Allah.

10. Wus sapantese manawa sira migunakake timbangan kang bener, efa kang bener lan bat kang bener.

11. Wus sapantese manawa efa lan bat iku takerane padha, dadi sa-bat isine saprasapuluh homer lan sa-efa uga saprasapuluh homer. Dadi takeran-takeran iku ngenut homer.

12. Tumrap sira kabeh wus sapantese manawa sa-syikal iku padha karo rong puluh gera, limang syikal iya limang syikal, lan sapuluh syikal iya sapuluh syikal, lan seket syikal iku ana sa-mina.

13. Iki sesaosan mligi kang kudu padha sira unjukake: sapranem efa saka gandum sa-homer lan sapranem efa saka sair sa-homer.

Yeheskiel 45