4. Sira bakal ambruk ana ing gunung-gununge Israel bebarengan karo wadya-balanira kabeh lan bangsa-bangsa kang padha mbiyantu sira, tuwin sira bakal Sunpakakake marang sawernane manuk-manuk galak lan marang kewan-kewan galak, dadia memangsane.
5. Sira bakal ambruk ana ing ara-ara, dene Ingsun kang mangandikakake bab iki, makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah.
6. Ingsun bakal dhatengake geni kang nempuh marang Magog lan marang wong-wong kang padha manggon ing dhaerah pesisir kanthi tentrem lan ayem. Ing kono banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.
7. Sarta Ingsun bakal nedahake asmaningSun kang suci ana ing satengahing umatingSun Israel lan Ingsun ora bakal marengake maneh asmaningSun kang suci kanajisake, satemah para bangsa bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, Kang Mahasuci ing Israel.
8. Lah iku mesthi bakal teka lan bakal kelakon, yaiku dina kang wus Sunpangandikakake iku.
9. Anadene kang manggon ing kutha-kuthane Israel bakal padha metu sarta banjur ngurubake geni lan ngobong sakehing gegamane Gog, yaiku tameng cilik lan gedhe, gandhewa lan panah, penthung lan tumbak, sarta anggone ngobong iku lawase pitung taun.
10. Wong-wong mau ora bakal njupuk kayu saka ing alas trataban utawa nyigari kayu obong ana ing alas, amarga anggone padha ngurubake geni iku nganggo gegamane mau. Sabanjure bakal padha ngrampas kang biyen ngrampas wong-wong mau lan njarah-rayah kang biyen njarah-rayahi wong-wong mau. Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah.