Yeheskiel 38:21-23 Kitab Sutji (JAV)

21. Ingsun bakal nganakake samubarang kabeh kang gawe kagete Gog -- makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah -- satemah pedhang kang siji bakal mangsa sijine.

22. Ingsun bakal paring paukuman marang Gog awujud pageblug lan wutahing getih; Ingsun bakal nganakake udan deres, udan krikil, udan geni lan udan welirang kang tumempuh marang dheweke marang wadya-balane lan marang bangsa akeh kang padha mbiyantu dheweke.

23. Ingsun bakal ngatingalake kamulyaningSun lan kasuceningSun sarta bakal ngatingalake sariraningSun ana ing sangarepe bangsa akeh, temah wong-wong bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.

Yeheskiel 38