Yeheskiel 36:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. “He, sira, anaking manungsa, sira medhara wangsit bab gunung-gununge Israel lan tutura: He gunung-gununge Israel, rungokna pangandikane Sang Yehuwah!

2. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sarehne mungsuh iku celathu ing bab sira kabeh: Lah tengger-tengger wiwit biyen wus dadi darbekku kabeh.

3. Mulane sira medhara wangsit lan tutura: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne, lan iya pancen nyata mangkono, ing sarehne mungsuh ing sakubengira ndadekake sira kabeh sepi mamring lan ngarah supaya sira kabeh padha dadi darbeke kekarene para bangsa, tuwin ing sarehne sira tansah padha dicatur dening wong lan akeh panacade wong marang sira,

4. marga saka iku, he, gunung-gununge Israel, rungokna pangandikane Pangeran Yehuwah marang gunung-gunung lan tengger-tengger, marang dhasar-dhasaring kali lan lembah-lembah, marang reruntuhan kang sepi mamring lan marang kutha kang wus disuwungake, kang wus dadi rayahan lan cacadan tumrap kekarening para bangsa ing sakubenge,

Yeheskiel 36