29. Ingsun bakal nganakake patamanan kang seger mbungahake, satemah ing tanah kono ora bakal ana wong kang mati kaliren, sarta ora ana maneh kang nandhang kawirangan kang saka ing para bangsa.
30. Ing kono banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun, Yehuwah, Allahe, nunggil kalawan dheweke kabeh; turune Israel iku umatingSun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
31. Sira kabeh iku padha dadi wedhusingSun, wedhus kang padha Sunengen lan Ingsun iki Allahira. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”