Yeheskiel 30:3-9 Kitab Sutji (JAV)

3. Dina iku wus cedhak, dinane Sang Yehuwah wus cedhak, dina mendhung kang peteng; iku dinane para bangsa.

4. Pedhang nekani Mesir lan Etiopia bakal gumeter ing nalikane wong-wong padha ambruk pinatenan ana ing Mesir tuwin kasugihane digawa mlayu sarta pandhemen-pandhemene padha kabongkar.

5. Wong Etiopia, Put, Lud, wong ing saidenging tanah Arab, wong Libia sarta para wong saka ing nagara kang sekuthon karo bangsa-bangsa iku bakal padha ambruk mati dening pedhang bebarengan.

6. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Para wong kang padha mbiyantu Mesir bakal ambruk mati, tuwin kumlungkunge Mesir kang awit saka kakuwatane bakal sirna. Wiwit saka ing Migdol nganti tumeka ing Siene wong-wong bakal mati dening pedhang. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

7. Mesir bakal kasirnakake ana ing satengahe nagara kang wus padha sepi mamring lan kutha-kuthane bakal kagolong kutha kang wus padha rusak.

8. Ing kono wong-wong bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, yaiku ing nalikane Ingsun nganakake geni ana ing Mesir satemah sakehing wong kang mbiyantu padha sirna.

9. Ing dina iku para utusaningSun bakal padha mangkat kalawan rerikatan prelu banjur gawe kagete Etiopia kang lagi seneng-seneng, temahan bakal padha gumeter ing dina tumibane paukuman tumrap Mesir; amarga iku nyata-nyata bakal kelakon.

Yeheskiel 30