16. Sawise pitung dina ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
17. “He, anaking manungsa, sira wus Suntetepake dadi panjaganing turune Israel. Manawa sira krungu pangandikaningSun, wong-wong iku padha sira elingna awit saka asmaningSun.
18. Manawa Ingsun ngandika marang wong duraka: Sira mesthi bakal kaukum pati! -- mangka sira ora ngelingake wong iku lan ora kandha apa-apa marang wong duraka iku kanggo ngelingake supaya mbuwanga lakune kang ala, amrih bisane lestari urip -- wong iku bakal mati marga saka dosane, nanging getihe bakal Suntempuhake marang sira.
19. Nanging manawa sira ngelingake wong duraka iku, mangka wong mau ora gelem ngunduri pialane lan lakune kang duraka, iku bakal mati marga saka durakane, dene sira wus ngluwari nyawanira.
20. Manawa ana wong kang mursid ninggal kamursidane lan nglakoni piala, lan Ingsun banjur nyelehake watu sandhungan ana ing ngarepe, wong iku bakal mati. Sarehne sira ora ngelingake wong mau, iku bakal mati marga saka dosane, dene panggawene becik kang wus dilakoni ora bakal kaetung, nanging getihe bakal Suntempuhake marang sira.
21. Nanging manawa sira ngelingake marang wong mursid iku supaya aja nglakoni dosa, lan iya ora nganti gawe dosa, iku bakal lestari urip, amarga gelem nampani pepeling, dene sira wus nguwalake nyawanira.”
22. Bareng ana ing kono pangwaosing Yehuwah nglimputi aku sarta aku banjur kadhawuhan mangkene: “Sira ngadega lan mangkata menyang ing lebak, ana ing kono sira bakal Sunpangandikani.”
23. Aku banjur ngadeg lan mangkat menyang ing lebak, lah ana ing kono kamulyane Sang Yehuwah katon kaya kamulyan kang wus dakdeleng ana ing pinggir kali Kebar; aku tumuli sujud.