22. Para sudagar ing Syeba lan ing Raema padha dedagangan kalawan sira; iku padha ngijolake sakehe bumbu-bumbu kang apik dhewe, sakehe sesotya kang larang-larang lan emas, dilirokake karo barang-barangira.
23. Haran, Kane, Eden, Asyur lan Kilmad dedagangan karo sira.
24. Iku padha dedagangan ana ing pasar-pasarira ing bab jubah kang luwih dening endah, kain wungu tuwa, sandhangan kang manca warna, babut kang manca warna lan tali plintiran kang kuwat.
25. Kapal-kapal Tarsis padha nggawa barang dagangan iki kanggo sira.Sira kebak momotan kang abotana ing tengah samodra.
26. Sira kagawa dening para pendhayungira menyang ing samodra kang ngilak-ilak.Nanging ana ing tengah samodra iku sira tinempuh ing prahara saka wetan.
27. Raja-darbekira, barangira, daganganira,punggawaning kapalira lan matrusirapara tukangira lan para langgananiradalasan kabeh prajuritira kang ana ing sira,malah kabeh kang padha nunggang,padha kleleb ana ing samodra ing nalika sira ambles.