Yeheskiel 27:10-16 Kitab Sutji (JAV)

10. Wong Parsi, Lud lan Put,kang padha dadi prajuritiraana ing antarane wadya-balanira.Tameng lan topong dicanthelake ana ing sira;iku kabeh muwuhi kamulyanira.

11. Wong Arwad dalah wadya-balane padha menek ing tembok-tembokira mubeng lan wong Gamad padha menek ing panggung-panggungira; padha nyanthelake tameng-tamenge ana ing tembok-tembokira mubeng, iku padha njalari sampurnaning kaendahanira.

12. Tarsis dedagangan kalawan sira awit saka akehe lan warna-warnaning barang dagangan; padha ngijolake salaka, wesi, timah putih lan timah ireng karo barang-barangira.

13. Yawan, Tubal lan Mesekh padha dedagangan kalawan sira; iku padha ngijolake batur tukon, barang saka tembaga karo barang daganganira.

14. Wong-wong ing Bet-Togarma ngijolake jaran kreta, jaran tunggangan sarta bihal karo barang-barangira.

15. Wong Rodhus dedagangan karo sira; dhaerah pesisir akeh kang dadi dhaerah pasaranira; iku padha nggawa gadhing lan kayu ireng minangka urup-urupan.

16. Edom dedagangan karo sira, marga saka akehe pametunira; iku padha ngijolake sesotya mirah, kain wungu enom, sandhangan manca warna, kain lena alus, mutiara lan sesotya dlima, diijolake karo barang-barangira.

Yeheskiel 27