25. Ingsun uga banjur paring katetepan kang ora becik lan pranatan kang njalari ora padha bisa urip.
26. Padha Suntogake dadi najis kalawan anggone sesaji, anggone padha ngurbanake sarana kaobong ing geni kabeh kang lair dhisik dhewe saka ing guwa-garba, supaya padha kadunungana pagiris tuwin padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.
27. Awit saka iku, he anaking manungsa, sira tutura marang turune Israel lan kandhanana mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Uga ing bab iki para leluhurira padha memada marang Ingsun, yaiku anggone banjur ora setya marang Ingsun.
28. Amarga sawuse padha Sunbekta menyang nagara kang Sunjanjekake kalawan supaos bakal Sunparingake marang wong-wong mau, nuli padha tumenga marang saben tengger kang dhuwur lan marang saben wit-witan kang pange ngrembuyung sarta banjur padha nganakake kurban sembelehan tuwin nggawa sesajene kang gawe gerahing panggalihingSun, uga padha nyawisake sesajen kang arum ana ing kana lan ngesokake kurban omben-omben.