Yeheskiel 19:12-14 Kitab Sutji (JAV)

12. Nanging wit anggur iku banjur kabedhol awit saka bebendu,lan kaebrukake ing bumi;angin saka ing wetan gawe alum lan garingewohe padha gogrog.Pange kang kuwat dadi garinglan banjur kamangsa ing geni nganti entek.

13. Lah saikine wit mau banjur katandur ing ara-ara samun,ing lemah kang garing lan kekurangan banyu banget.

14. Banjur ana geni kang metu saka ing pangekang mangsa pang-pange kang cilik lan wohe nganti entek,satemah wus ora ana pange kang kuwat,ora ana pange kang kanggo teken karajan.”Yaiki kidung pangadhuh lan banjur wus dadi kidung pangadhuh.

Yeheskiel 19