Yeheskiel 17:9-19 Kitab Sutji (JAV)

9. Sira tutura: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Kang mangkono iku apa bakal mikolehi? Apa oyod-oyode ora bakal didhungkari ing wong lan wohe apa ora bakal dirantasi, satemah godhong-godhonge kang enom padha dadi garing? Ora usah tangan kang rosa lan wong akeh kang mbedhol saoyod-oyode.

10. Lah ta iku pancen ditandur, nanging apa bakal ana kasile? Apa iku ora bakal alum garing manawa katempuh ing angin wetan? Mesthi bakal alum lan garing ana ing papan thukule iku.”

11. Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

12. “Tutura marang golongan mbalela iku mangkene: Apa sira ora sumurup marang tegese iki? Kandhanana: Lah ratu Babil bakal teka ing Yerusalem lan nyekel ratune sarta para panggedhene banjur padha diboyongi menyang ing Babil.

13. Nuli njupuk sawijining turuning ratu, kaajak nganakake prajanjian kalawan sumpah. Wong-wong kang nyekel pangwasa ing nagara kono iya padha dicekeli,

14. supaya karajan iku dadi ringkih lan ora mbalela maneh, uga supaya netepi prajanjiane sarta kalawan mangkono banjur bisa lestari madeg.

15. Nanging wong iku meksa mbalela marang ratu ing Babil, nglakokake kongkonan menyang Mesir, supaya kabantonana jaran lan wadya-bala akeh. Apa bakal kelakon karepe? Apa wong kang mangkono pratingkahe iku bisa oncat? Apa wong kang mbubrah prajanjian iku bisa oncat?

16. Demi Ingsun kang gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- wong iku mesthi bakal mati ana ing nagara Babil, ing panggonane raja kang ndadekake ratu, amarga nganggep entheng marang sumpahe marang raja iku lan mbubrah prajanjiane kalawan raja mau.

17. Tur Pringon ora bakal aweh pambiyantu anggone perang awujud wadya-bala akeh lan wong sagolongan gedhe, nalika tembok lan beteng pangepungan didegake kanggo nyirnakake wong akeh.

18. Iya, wong mau pancen ngremehake sumpah lan mbubrah prajanjian. Lah ta sanadyan anggone saguh iku kalawan jawatan tangan, nanging kabeh mau padha katerak, mulane ora bisa oncat.

19. Awit saka iku pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: Demi Ingsun gesang, sumpahe marang Ingsun kang dianggep entheng lan prajanjiane ana ing ngarsaningSun kang kabubrah, iku bakal Suntampekake marang sirahe.

Yeheskiel 17