8. Ingsun nuli tindak langkung lan Ingsun ningali sira, lah sira wus tumeka ing titimangsanira birai. Ingsun banjur njereng pangagemaningSun Sunkemulake marang sira, wewadinira Suntutupi. Ingsun nganakake prajanjian kalawan supaos karo sira -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- mulane sira wus dadi kagunganingSun.
9. Sira Sunedusi nganggo banyu, Sunresiki getihira sarta Sunborehi kalawan lenga.
10. Sira Sunenggoni sandhangan kang mawa warna, sira Sunparingi sandhal walulang dhuyung lan kudhung mori alus apadene slendhang sutra.
11. Sabanjure sira Sunenggoni rerenggan, tanganira Sunenggoni gelang, sarta kalung ing gulunira.
12. Irungira Sunenggoni gelang lan anting-anting ing kupingira, sarta makutha kamulyan ing sirahira.
13. Dadine sira nganggo rerenggan emas lan salaka, sandhanganira mori alus lan sutra apadene panganggo kang mawa warna; sira dadi ayu linuwih, satemah pantes dadi ratu.
14. Marga saka endahing warnanira, jenengira misuwur ana ing satengahe para bangsa, awit kaendahanira iku luwih dening sampurna, amarga saka sumoroting rerengganingSun kang Sunparingake marang sira. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”
15. “Nanging sira ngendelake kaendahaning warnanira lan banjur dadi wanita tunasusila marga saka kondhangira iku, sarta anggonira dadi wanita tunasusila iku sira tawak-tawakake marang angger wong kang liwat.
16. Sandhanganira sira anggo ndadekake manca-warnane tengger-tenger pangurbananira lan sira banjur tumindak nistha ana ing kono. Pratingkah mangkono iku durung tau kelakon tuwin ora bakal kelakon maneh.
17. Rerengganira kang kagawe saka emasingSun lan salakaningSun, kang Sunparingake marang sira uga sira jupuk lan sira anggo gawe reca-reca lanang sarta sira banjur tumindak nistha kalawan reca-reca iku.
18. Sandhanganira kang manca-warna sira anggo nutupi reca-reca mau tuwin lenga lan dupa kagunganingSun sira sajekake.