Yeheskiel 15:6-8 Kitab Sutji (JAV)

6. Mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Kayadene kayu anggur ana ing antarane wit-witan ing alas, kang Sununcalake ing geni supaya kobong, samono uga Yerusalem iya bakal Sunpatrapi mangkono.

7. Ingsun piyambak kang bakal nglawan. Sanadyan padha bisa oncat saka ing geni, ewasamono bakal kamangsa ing geni. Sira banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, yaiku nalika Ingsun lagi nglawan,

8. sarta nagara iku bakal Sundadekake sepi mamring, marga padha ora setya. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

Yeheskiel 15