Yeheskiel 13:10-18 Kitab Sutji (JAV)

10. Amarga, iki sanyatane, wong-wong iku padha nasarake umatingSun kalawan tembunge: Tentrem rahayu, mangka babar pisan ora tentrem rahayu -- padha ngedegake balowarti lan lah banjur dilabur kalawan gamping --

11. sira kandhaa marang wong kang padha nglabur kalawan gamping mangkene: Udan deres bakal nganakake banjir, bakal ana udan krikil lan angin prahara!

12. Manawa balowartine iku wus rubuh, apa wong ora bakal celathu marang sira: Endi saikine gamping kang sira templokake kae?

13. Mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sajroning bebenduningSun Ingsun bakal nganakake prahara lan sajroning dukaningSun udan deres kang nuwuhake banjir, sarta ing sajroning bebenduningSun udan krikil kang gawe rusak.

14. Sabanjure Ingsun bakal njugrugake balowarti kang sira labur kalawan gamping iku lan Sunbrukake ing lemah, nganti tetalese katon; balowartining kutha iku bakal ambrol lan sira bakal padha tiwas ana ing jerone! Ing kono sira bakal sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah.

15. Mangkono anggoningSun bakal ngesokake bebenduningSun marang balowarti iku marang wong kang padha nglabur kalawan gamping tuwin Ingsun bakal ngandika marang sira: Wus sirna balowartine lan wus sirna wong kang padha nglabur,

16. yaiku para nabine Israel kang nglairake pameca tumrap Yerusalem lan ndeleng wahyu bab tentrem rahayune, mangka babar pisan ora ana tentrem rahayu; mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

17. “Sira anaking manungsa, nemonana golonganing wong wadon bangsanira kang memeca saenaking atine bae iku lan nglairna pameca nglawan wong-wong iku:

18. Sira kandhaa: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Bilai para dhukun wadon, kang naleni kabeh ugel-ugel kalawan tali jimat lan ngenggokake kudhung ing sirahe wong kabeh, tuwa utawa enom, kanggo njiret nyawaning wong. Sira apa arep njiret nyawaning wong kang kagolong umatingSun lan ngetokake wong-wong liyane padha urip kanggo kapreluanira?

Yeheskiel 13