Wulang Bebasan 5:2-9 Kitab Sutji (JAV)

2. supaya kowe gondhelan ing kawicaksanan,lan lambemu ngemota kawasisan.

3. Awit lambene wong wadon tunasusila netesake madu,lan cethake lunyu ngungkuli lenga;

4. nanging wekasane pait kaya rempelu,lan landhepe kaya pedhang kang mempan kiwa-tengen,

5. tumapaking dlamakane mudhun menyang pati,jangkahe anjong marang jagading wong mati.

6. Lakune ora metu ing dalaning urip,lakune nasar ora kanthi disumurupi.

7. Awit saka iku, he bocah-bocah, padha ngrungokna tembung-tembungku,aja nyimpang saka pituture cangkemku.

8. Lakumu ngedohana wong wadon mau,lan aja nyedhaki lawanging omahe,

9. supaya kanomanmu aja kokpasrahake marang wong liya,lan umurmu marang kang ambek siya;

Wulang Bebasan 5