22. iku bakal dadi uripe nyawamu,lan minangka rerenggane gulumu.
23. Lakumu ana ing dalanmu bakal slamet,lan sikilmu ora bakal kesandhung.
24. Samangsa kowe turon, bakal ora kaget,nanging bisa leyeh-leyeh lan turu kepenak.
25. Aja wedi marang pagiris kang tekane dadakan,utawa marang karusakane wong duraka, samangsa nekani.
26. Awitdene Sang Yehuwah kang bakal dadi andel-andelmu,lan kang bakal rumeksa marang sikilmu supaya aja nganti kejiret.
27. Aja nggondheli kabecikan marang wong kang wenang nampani,mangka kowe bisa tumindak mangkono.
28. Kowe aja nyelathoni pepadhamu: “Lungaa, lan balia,sesuk bakal dakwenehi,” mangka nyatane kowe duwe apa kang dijaluk.