2. Manawa kowe pancen wong dremba,nempelna lading ing gulumu.
3. Aja melik marang dhaharane kang enak-enak,awit iku pangan kang nyidrani.
4. Aja ngaya pangudimu supaya bisa dadi sugih,tinggalen karepmu kang mangkono iku;
5. marga yen kokwaspadakake, banjur sirna,awitdene iku dumadakan nganggo swiwikaya manuk garudha kang banjur mabur ing akasa.
6. Aja mangan pangane wong cethil,lan aja melik marang pangane kang enak-enak,
7. awit kaya wong kang ngetung-etung ing sajroning atine,iya kaya mangkono iku wong mau.Pangucape marang kowe: “Mangana lan ngombea!”Nanging atine ora seneng marang kowe.
8. Saemplokan olehmu mangan bakal kokutahake,lan sakehing tembungmu kang alus iku kokbuwang tanpa tanja.