Wulang Bebasan 23:17-28 Kitab Sutji (JAV)

17. Atimu aja meri marang para wong dosa,nanging tansah mantepa anggonmu ngabekti marang Sang Yehuwah.

18. Satemene panganti-anti iku pancen ana,lan pangarep-arepmu ora bakal ilang.

19. He anakku, ngrungokna, lan dadia wicaksana,atimu enerna ing dalan kang bener.

20. Aja srawungan karo wong kang karem ngombe anggur,lan kang karem marang daging;

21. awit wong karem ngombe lan seneng mangan iku bakal nemahi kamlaratan,lan ngantuk njalari nggombal.

22. Rungokna pituture bapakmu kang nganakake kowe,lan aja nyepelekake biyungmu samangsa wus tuwa.

23. Tukua kabeneran lan aja kokedol maneh,mangkono uga kawicaksanan, pamerdi lan kawasisan.

24. Bapakne wong kang bener iku bakal giyak-giyak,sarta sapa kang nglairake wong wicaksana iku bakal abungah-bungah.

25. Kareben bapa lain biyungmu padha bungah,lan kang nglairake kowe cikben agiyak-giyak.

26. He anakku, atimu wenehna marang aku,sarta mripatmu cikben seneng marang dalan-dalanku.

27. Awit wong wadon tuna-susila iku jugangan kang jero,lan wong wadon lenjeh iku sumur kang ciyut.

28. Malah kaya begal anggone nyenyegat,lan ngakehake wong kang cidra ana ing antarane para manungsa.

Wulang Bebasan 23