12. Migatekna marang panggulawenthah,lan kupingmu telingna marang tembung-tembung kang isi kawruh.
13. Aja nglirwakake pamerdi marang anak,iku manawa kokgitik nganggo penjalin ora ndadekake patine.
14. Kowe nggitik nganggo penjalin,nanging kowe ngentasake nyawane saka ing jagade wong mati.
15. He anakku, manawa atimu wicaksana,iku iya ndadekake bungahing atiku.
16. Nyawaku abungah-bungah,manawa lambemu ngucapake kang jujur.
17. Atimu aja meri marang para wong dosa,nanging tansah mantepa anggonmu ngabekti marang Sang Yehuwah.
18. Satemene panganti-anti iku pancen ana,lan pangarep-arepmu ora bakal ilang.
19. He anakku, ngrungokna, lan dadia wicaksana,atimu enerna ing dalan kang bener.
20. Aja srawungan karo wong kang karem ngombe anggur,lan kang karem marang daging;