Wulang Bebasan 21:22-27 Kitab Sutji (JAV)

22. Wong wicaksana bisa ngunggahi kuthane para pahlawan,sarta ngrubuhake balowarti kang dadi andel-andele.

23. Sing sapa njaga cangkem lan ilate,dadi ngreksa awake, uwal saka ing kerubedan.

24. Wong kang ndhugal lan kumlungkung iku kasebut wong ambek memoyok,solah-tingkahe kumethak ngleluwihi.

25. Wong kesed dipateni dening pepenginane dhewe,marga tangane lumuh nyambut gawe.

26. Kamelikan iku sadina-dina tansah melik,balik wong bener iku weweh tanpa wates.

27. Kurban sesaosane wong duraka iku jember,luwih maneh manawa anggone nyaosake kanthi sedya ala.

Wulang Bebasan 21