Wulang Bebasan 16:17-20 Kitab Sutji (JAV)

17. Ngedohi piala iku dalane wong jujur,sing sapa rumeksa marang tindake iku ngreksa nyawane.

18. Kumenthus iku pepucuking karusakan,lan gumunggung iku pucuking ambruk.

19. Becik ngesorake dhiri nunggal karo para wong andhap-asor,tinimbang karo ngedum rayahan ana ing tengahe wong gumunggung.

20. Sing sapa nggatekake pangandika bakal nemu becik,sarta rahayu wong kang kumandel marang Sang Yehuwah.

Wulang Bebasan 16