Wulang Bebasan 13:8-11 Kitab Sutji (JAV)

8. Kasugihan iku kanggo nebus nyawane wong,nanging wong miskin ora bakal krungu pangancam.

9. Pepadhange wong bener iku sumorot gumebyar,nanging damare wong duraka bakal mati.

10. Ambek kumingsun iku mung marakake grejegan,nanging wong kang ngrungokake pitutur kadunungan kawicaksanan.

11. Bandha kang gampang olehe, mesthi bakal suda,nanging wong kang tlaten nglumpukake saka sathithik, bakal dadi sugih.

Wulang Bebasan 13