7. Ana wong kang sumugih-sugih, nanging ora duwe apa-apa,ana uga kang ethok-ethok miskin, mangka bandhane akeh.
8. Kasugihan iku kanggo nebus nyawane wong,nanging wong miskin ora bakal krungu pangancam.
9. Pepadhange wong bener iku sumorot gumebyar,nanging damare wong duraka bakal mati.
10. Ambek kumingsun iku mung marakake grejegan,nanging wong kang ngrungokake pitutur kadunungan kawicaksanan.