19. Pepenginan kang katutugan iku nyenengake ati,nanging wong gemblung ora gelem ninggal piala.
20. Sapa kang srawungan karo wong wicaksana, dadi wicaksana,nanging sapa kang kekancan karo wong gemblung iku nemu sangsara.
21. Wong dosa diburu ing bilai,nanging wong bener iku diwales kabegjan dening Panjenengane.
22. Wong becik ninggali warisan marang anak-putune,nanging barang darbeke wong dosa iku dicadhangake kanggo wong bener.
23. Tegale wong miskin metokake pangan akeh,nanging ana kang ilang marga ora ana kaadilan.