49. Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang manut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;
50. karo piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;
51. sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji, lan wedhus gibas umur setaun siji, kanggo kurban obaran;
52. wedhus berok lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa;
53. lan kang kanggo kurban slametan sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, sarta wedhus gibas umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Elisama bin Amihud.