Wilangan 6:23-27 Kitab Sutji (JAV)

23. “Sira ndhawuhana marang Harun lan para anake: Anggonmu padha mberkahi marang wong Israel kalawan ngucapa mangkene:

24. Pangeran Yehuwah muga maringana berkah marang kowe, lan ngayomana kowe;

25. Pangeran Yehuwah muga nyunarna cahyaning wadanane marang kowe, lan maringana sihrahmat;

26. Pangeran Yehuwah muga karsaa nungkulake wadanane marang kowe, lan maringana tentrem rahayu.

27. Kaya mangkono anggonira padha kudu ngetrapake asmaningSun marang wong Israel, temah bakal padha Sunberkahi.” edit 1: fajar 8.3.01

Wilangan 6