Wilangan 36:4-10 Kitab Sutji (JAV)

4. Punapa malih benjing samangsa taun Yobel karameanipun tiyang Israel, gadhahanipun tiyang estri punika badhe tetep kawewahaken dhateng taler ingkang dipun tumuti wau, sarta pandumaning taleripun para leluhur kula inggih badhe tetep kalong.”

5. Ing kono Nabi Musa tumuli dhawuh marang wong Israel miturut pangandikane Sang Yehuwah, mangkene: “Bener ature taler bani Yusuf iki.

6. Iki kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah ing ngatase para anake wadon Zelafehad, mangkene surasane: Kareben padha omah-omah karo sapa bae kang seneng, anggere padha oleh sisihan panunggalane talere bapakne;

7. aja nganti ana panduman darbeke wong Israel ngalih saka ing taler siji marang taler sijine. Wong Israel iku siji-sijine padha ngukuhana kang dadi pandumane talere leluhure.

8. Kang iku saben anak wadon panunggalane sadhengah talere wong Israel kang tampa warisan lemah pusaka, kudu omah-omah karo wong panunggalane talere bapakne, supaya saben wong Israel tetepa ndarbeni kang dadi pandumane para leluhure.

9. Sabab panduman lemah iku ora kena ngalih saka ing taler siji marang taler sijine; nanging siji-sijining talere wong Israel iku ngukuhana marang lemah pandumane dhewe.”

10. Anadene anak-anake wadon Zelafehad iku padha ngestokake apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mau;

Wilangan 36