Wilangan 34:2-8 Kitab Sutji (JAV)

2. “Sira kandhaa marang wong Israel lan sira tutura mangkene: Samangsa sira padha lumebu ing tanah Kanaan, nuli kang masthi bakal dadi darbekira yaiku tanah Kanaan miturut wates-watese.

3. Anadene watese tanahira kang sisih kidul iku wiwit saka ing pasamunan Zin ing saurute tanah Edom; dadi watese kang sisih kidul iku ing sisih wetan wiwit ing pungkasane Tlaga Pauyahan.

4. Saka ing kono tapel-watese tanahira menggok ing sakidule unggah-unggahan ing Akrabim, terus tekan ing Zin, lan pantoge ana ing sakidule Kadesy-Barnea, banjur terus menyang ing Hazar-Adar, lan terus nganti tekan ing Azmon.

5. Saka ing Azmon, watese nuli menggok menyang ing kali Mesir, lan terus nganti tekan ing sagara.

6. Mungguh tapel-watese tanahira kang sisih kulon sagara gedhe dalah pasisire, yaiku kang dadi tapel-watesira kang sisih kulon.

7. Dene tapel-watesira kang sisih lor iku: wiwit saka ing sagara gedhe mau watese kaenerna tekan ing gunung Hor,

8. saka ing gunung Hor kaenerna tekan ing Hamat, lan terus nganti tekan ing Zedad.

Wilangan 34