Wilangan 34:13-20 Kitab Sutji (JAV)

13. Nabi Musa banjur dhawuh marang wong Israel: “Iku mau tanah kang bakal dadi duwekira srana kaundhi, kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah supaya kaparingna marang taler kang sanga satengah iku.

14. Marga golongane talere Ruben lan golonganing talere bani Gad wus padha tampa tanah pusaka, mangkono uga saparoning talere Manasye iya wus padha tampa panduman.

15. Loro satengah taler iku wus padha tampa tanah pusaka ana ing sabrangane bengawan Yarden ing sacedhake Yerikho sapangetan.”

16. Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang Nabi Musa:

17. “Iki jenenge wong kang kudu padha ngedum tanah mau marang sira minangka tanah pusaka, yaiku Imam Eleazar lan Yusak bin Nun.

18. Karomaneh saka saben taler mataha pemimpin siji kang ngrewangi ngedum tanah iku dadi tanah pusaka.

19. Iki jenenge wong-wong mau: saka taler Yehuda: Kaleb bin Yefune;

20. saka talere bani Simeon: Samuel bin Amihud;

Wilangan 34