Wilangan 33:38-53 Kitab Sutji (JAV)

38. Nalika iku Imam Harun minggah ing gunung Hor awit saka dhawuhe Pangeran Yehuwah, banjur seda ana ing kono, ing taun kaping patang puluh kaetung saka budhale wong Israel saka ing tanah Mesir, ing sasi kalima, ing tanggal sapisan.

39. Nalika seda ana ing gunung Hor iku yuswane Imam Harun satus telulikur taun.

40. Ing nalika iku raja ing Arad kang kalebu bangsa Kanaan, kang akedhaton ana ing tanah Negeb, mireng warta bab tekane wong Israel.

41. Sawuse mangkono Banisrael banjur budhal saka ing gunung Hor, tumuli leren ana ing Zalmona.

42. Tumuli budhal saka Zalmona lan nginep ana ing Funon.

43. Banjur budhal saka Funon lan leren ana ing Obot.

44. Nuli mangkat saka Obot lan adeg tarub ana ing sacedhake jugrugan ing Abarim ing laladan tanah Moab.

45. Nuli budhal saka ing gempuran iku lan nginep ana ing Dibon-Gad.

46. Tumuli mangkat saka Dibon-Gad lan adeg tarub ana ing Almon-Diblataim.

47. Banjur budhal saka Almon-Diblataim lan leren ana ing pagunungan Abarim, ing sangarepe gunung Nebo.

48. Nuli mangkat saka pagunungan Abarim lan nginep ana ing tanah ngare ing Moab, ing sapinggire bengawan Yarden ing sacedhake Yerikho.

49. Anggone padha nginep ana ing sapinggire bengawan Yarden wiwit saka Bet-Yesimot tumeka ing Abel-Sitim ing tanah ngare ing Moab mau.

50. Nalika ana ing tanah ngare ing Moab ing sapinggire bengawan Yarden ing sacedhake Yerikho mau, Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

51. “Sira kandhaa marang wong Israel sarta tutura mangkene: Samangsa sira wus padha nyabrang ing bengawan Yarden sarta lumebu ing tanah Kanaan,

52. wong kang manggon ing kono nuli padha sira tundhungana kabeh saka ing ngarepira, lan sakehe watu ukir-ukirane padha sira sirnakna, karodene sakehe reca cithakan iya padha sira gempurana, dalah sakehe tengger pepundhene padha sira bubrahana.

53. Tanahe padha sira ejegana lan sira enggonana, awitdene sira kang padha Sunparingi tanah iku supaya dadi darbekira.

Wilangan 33