1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun:
2. “Wong Israel anggone lereb iku padha nyedhakana panji-panjine, mituruta tetengering suku-sukune. Anggone lereb iku anaa ing saubenge Tarub Pasewakan kapara adoh.
3. Kang lereb ana ing sisih wetan, cedhak karo panji-panjine, iku bani Yehuda, miturut golongane; kang dadi pemimpine bani Yehuda: Nahason bin Aminadhab.
4. Balane kang kacacahake iku ana pitung puluh papat ewu nem atus.
5. Sandhinge iku kang makuwon taler Isakhar, pemimpine bani Isakhar yaiku: Netaneel bin Zuar.
6. Balane kang kacacahake ana seket papat ewu patang atus.
7. Tumuli taler Zebulon, pemimpine bani Zebulon yaiku: Eliab bin Helon.
8. Balane kang kacacahake ana seket pitu ewu patang atus.