1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Imam Harun: “Sira lan anak-anakira dalah turune leluhurira kudu padha nyangga sadhengah kaluputan marang ing pasucen; sabanjure mung sira lan anak-anakira kang nanggung sadhengah kaluputan, kang dilakoni ing sajroning kalenggahanira imam.
2. Mangkono uga para sadulurira talere Lewi, iya talere leluhurira iya konen seba bareng karo sira supaya padha dadi kanthinira lan ngladenana marang sira, nalika sira dalah anak-anakira padha ngadhep ana ing Tarube angger-angger.
3. Padha nglakonana kuwajibane ngladeni marang sira, lan tumrap ing satarub kabeh; nanging aja nganti padha nyedhaki marang pirantine pasucen lan marang misbyah, supaya aja nemahi pati, iya wong-wong iku iya sira dhewe.
4. Kudu padha dadi kanthinira lan nglakonana kuwajibane tumrap ing Tarub Pasewakan miturut sakehe ayahan ing tarub iku, nanging wong-wong lumrah aja ana kang nyedhaki sira.
5. Dene sira iku kang padha rumeksa marang pasucen lan misbyah, supaya wong Israel aja nganti padha kataman bebendu maneh.
6. Lah Ingsun wus mundhut para sadulurira wong Lewi saka ing antarane wong Israel minangka peparing marang sira kang sumaos marang Pangeran Yehuwah, supaya padha nglakonana ayahan ana ing Tarub Pasewakan;