Wahyu 15:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. Aku tumuli weruh pratandha liyane kang gedhe lan elok ana ing langit: ana malaekat pitu padha mbekta wewelak pitu kang wekasan, awit iku kang dadi pantoging bebenduning Allah.

2. Karodene aku weruh rerupan kaya sagara kaca campur geni, sarta para wong kang wus unggul anggone perang karo si kewan lan recane, sarta cacahe petungane jenenge, padha ngadeg ana ing pinggiring sagara gedhah mau. Sarta iku padha nyekel clempunge Gusti Allah.

3. Wong-wong iku padha ngidungake kidunge Nabi Musa, abdine Gusti Allah, lan kidunge Sang Cempe, unine:“Agung saha elok pakaryan Paduka,dhuh Pangeran, Allah ingkang Mahakuwaos!Adil saha leres margi Paduka punika,dhuh Ratunipun sadaya bangsa!

Wahyu 15