Wahyu 14:6-9 Kitab Sutji (JAV)

6. Lan aku tumuli weruh malaekat liyane mabur ing awang-awang ngasta Injil kang langgeng diwartakake marang wong kang padha manggon ana ing bumi lan marang sadhengah bangsa lan taler tuwin basa sarta golongan,

7. pangandikane kalawan swara seru: “Padha wedi-asiha marang Gusti Allah lan caosana kaurmatan, awit wektuning pangadilane wus teka, sarta padha sujuda marang Panjenengane kang wus nitahake langit lan bumi tuwin sagara apadene sakehe tuking banyu.”

8. Banjur ana malaekat liyane maneh, malaekat kapindho, nusul, ngandika: “Wus rubuh, wus rubuh Babil, kutha kang gedhe iku, kang wus ngendemi sakehe para bangsa kalawan angguring hawa-nepsu laku jina.”

9. Tumuli ana malaekat liya, kang katelune nusul, pangandikane kanthi swara sora: “Manawa ana wong kang sujud marang si kewan lan marang recane iku, tuwin nampani ciri ana ing bathuke utawa ing tangane,

Wahyu 14