Wahyu 10:3-7 Kitab Sutji (JAV)

3. Malaekat mau nguwuh kalawan swara seru kaya panggeroning singa. Sawuse iku nguwuh, ngludhug pitu banjur padha nyuwara.

4. Lan sawuse gludhug pitu mau padha ngucap, iku banjur arep dakcatheti, nanging aku nuli krungu swara saka ing swarga kang ngandika: “Apa kang diucapake dening gludhug pitu iku mau sira segela, aja sira tulis!”

5. Malaekat kang dakdeleng jumeneng ana ing sagara lan ing dharatan mau, tumuli ngangkat astane tengen marang langit,

6. sarta banjur supaos demi Panjenengane kang gesang langgeng salawas-lawase, kang wus nitahake langit saisine, lan bumi saisine, tuwin sagara saisine: “Ora bakal kaundur maneh!

7. Nanging samangsa unine kalasangkane malaekat kang kapitu keprungu, yaiku manawa malaekat iku ngungelake kalasangkane, bakal kayektenan kekeraning Allah, kaya kang wis kawartosake marang para abdine, yaiku para nabi.”

Wahyu 10