1. Nalika jumenenge para hakim tanah Israel nuju kambah ing pailan. Banjur ana sawijining wong ing Betlehem- Yehuda kang lunga neneka ana ing ngarene tanah Moab karo somahe lan anake lanang loro.
2. Wong mau jenenge Elimelekh, somahe jenenge Naomi lan anake loro jenenge Makhlon lan Khilyon, padha wong Efrata, saka ing Betlehem -- Yehuda; satekane ing tlatah Moab, banjur padha manggon ana ing kono.
3. Wasana Elimelekh, somahe Naomi tinggal donya, dadi Naomi kari karo anake loro.
4. Anake loro mau padha omah-omah oleh wong Moab, jenenge kang siji Orpa, sijine Rut; pamanggone ana ing kono suwene watara sepuluh taun.
5. Makhlon lan Khilyon sakarone uga padha tinggal donya, dadine wong wadon iku kelangan anake loro lan bojone.