Rum 16:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Aku nglantarake marang kowe sadulur kita Febe, sadulur wanita kang leladi ana pasamuwan Kengkrea,

2. supaya koktampani ana ing patunggilane Gusti, kanthi patrap kang samesthine tumrap para suci, sarta wenehana, pitulungan samangsa dibutuhake. Sabab dheweke wus aweh pitulungan marang wong akeh, klebu aku dhewe.

3. Salam marang Priska lan Akwila, para kanca tunggal ayahan ana ing Sang Kristus Yesus.

4. Iku wus padha ngetohake nyawane kanggo mitulungi uripku. Ora ngamungake aku bae kang aweh panarima, nanging iya sakehing pasamuwan kang dudu Yahudi.

Rum 16