14. Lan nalika sasi kapindho tanggal pitulikur bumine wus gasik.
15. Gusti Allah tumuli ngandika marang Rama Nuh, dhawuhe:
16. “Sira metua saka ing prau, sira dalah somahira, anakira lan somahe anakira.
17. Mangkono uga sarupane sato-kewan kang melu sira, kabeh kang urip dadia bangsane manuk, bangsane kewan ingon-ingon, kewan kang rumangkang nlosor lan kang gumremet ana ing bumi, iku padha sira wetokna bebarengan karo sira; kareben padha ngambra-ambra ana ing bumi lan bebranahan, tangkar-tumangkar ana ing bumi.”
18. Rama Nuh banjur miyos dalah para putrane, garwane lan garwane para putrane,
19. apadene sarupane buron alas, kewan kang nlosor lan gumremet, sarta sakehing manuk, iya sakabehe kang mobah-mosik ana ing bumi mawa-mawa jinise, kabeh padha metu saka ing prau.