15. Para sadhereke Sang Yusuf bareng weruh yen kang rama wus seda, tumuli padha sapocapan: “Mesthine Yusuf ngendhem sengit lan arep males ukum marang piala kang wus padha kita tandukake.”
16. Mulane banjur kongkonan marang Sang Yusuf, ature: “Rama dalem saderengipun seda, sampun meling makaten:
17. Kowe padha matura marang Yusuf: Panjenengan dalem mugi ngapunten kalepatan saha dosanipun para sadherek dalem, anggenipun sampun sami nandukaken piawon dhateng panjenengan dalem; mila sapunika panjenengan dalem mugi ngapunten kalepatanipun para ingkang ngabekti dhateng Allahipun rama dalem!” Sang Yusuf muwun nalika diaturi mangkono iku.
18. Para sadhereke iya tumuli padha seba dhewe lan sumungkem ana ing ngarsane sarta matur: “Lah punika kawula sadaya, sami sowan, sami sumedya dados abdi dalem.”
19. Nanging pangandikane Sang Yusuf: “Aja padha wedi, apa aku iki dadi sulihe Gusti Allah?
20. Pancen kowe padha ngrantam kang ala marang aku, nanging iku dicipta malih dadi becik dening Gusti Allah, supaya banjur nindakake kang kelakon ing dina iki, mitulungi urip marang bangsa kang gedhe.