4. kang mbludag kaya banyu,temah wurung anggonmu dadi kang linuwih dhewe,marga kowe wus nunggahi paturone bapakmu;wektu iku kowe ngrusak kasucene.Paturonku diunggahi.
5. Simeon lan Lewi iku padha sadulur,gegamane awujud pangroda-peksa.
6. Nyawaku aja nganti katut ing pasarujukane,atiku aja kelu marang paguyubane,awitdene saka nepsune, nganti padha mateni wonglan saka kamurkane padha ngethoki ototing dhengkule sapi.
7. Nepsune kenaa ing ipat-ipat,awitdene nepsune iku kebangeten,kenaa ing ipat-ipat brangasane,awitdene iku siya-siya.Padha arep dakpencar ana ing antarane bani Yakublan daksebar ana ing antarane turune Israel.
8. Yehuda, kowe iku bakal dialembana dening sadulur-sadulurmu,tanganmu bakal nyekeli cengele mungsuhmu,anak-anake bapakmu bakal padha tumelung ana ing ngarepmu.
9. Yehuda iku kaya anak singa,sawuse nubruk memangsan, banjur munggah ing papan kang dhuwur, anakku engger!Lagi ndhekem lan njerum kaya anak singa lanang utawa kaya singa wadon,sapa kang wani nangekake?