1. Sawuse mangkono Rama Yakub banjur nimbali para putrane sarta ngandika: “Padha nglumpuka, kowe arep dakkandhani apa kang bakal kokalami ing tembe buri.
2. Padha nglumpuka lan rungokna, he para anake Yakub, rungokna tembunge Israel bapakmu.
3. Ruben, kowe iku pembarepku,kekuatanku lan wiwitaning karosanku,kang pinunjul ing kaluhuran,kang pinunjul ing kabisan,
4. kang mbludag kaya banyu,temah wurung anggonmu dadi kang linuwih dhewe,marga kowe wus nunggahi paturone bapakmu;wektu iku kowe ngrusak kasucene.Paturonku diunggahi.
5. Simeon lan Lewi iku padha sadulur,gegamane awujud pangroda-peksa.