19. Sabanjure sira tampa dhawuh supaya akona mangkene marang wong-wong mau: Padha nglakonana mangkene: Anggawaa kreta saka tanah Mesir kanggo anak-anakira lan somahira, bapakira sira papaga mrana, sarta endang sowana mrene!
20. Karomaneh sira aja padha rumangsa owel ninggal barang-barangira, awit apa kang becik dhewe ing tanah Mesir iki bakal dadi darbekira.”
21. Para putrane Rama Israel tumuli padha nglakoni mangkono, sarta padha diparingi kreta dening Sang Yusuf miturut dhawuhe Sang Prabu Pringon, uga padha diparingi sangu kanggo ana ing dalan.
22. Karomaneh siji-sijine diparingi panganggo sapangadeg lan Benyamin diparingi telung atus dhuwit salaka lan sandhangan limang pangadeg.
23. Kajaba iku kang rama iya dikirimi kuldi lanang sepuluh, dimomoti barang-barang kang becik dhewe ana ing Mesir, apamaneh kuldi wadon sepuluh, dimomoti gandum, roti lan sangu liyane kagem ramane ana ing dalan.