Purwaning Dumadi 43:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Nanging pailan ing nagara kono sangsaya ngedab-edabi.

2. Bareng gandum olehe nempur para putra saka Mesir wus entek dipangan, kang rama tumuli ngandika: “Padha lungaa maneh nempur sathithik kanggo kita!”

3. Yehuda banjur matur: “Priyantun ageng punika welingipun wantos-wantos: Poma kowe aja nganti ngaton mrene maneh, manawa ora karo adhimu!

4. Ingkang punika manawi rama marengaken adhi kula bidhal sareng kula, kula inggih sami badhe mangkat bidhal nempur kagem rama.

5. Nanging manawi rama boten marengaken tumut, kula sadaya inggih boten badhe bidhal, margi priyantun ageng wau dhawuhipun dhateng kula: Poma kowe aja nganti mrene maneh, manawa adhimu ora kokajak bareng.”

6. Rama Israel banjur ngandika: “Yagene kowe nganti padha gawe susahing atiku, ndadak ngandharake marang panggedhe mau, yen kowe isih padha duwe adhi maneh?”

7. Ature para putra: “Priyagung punika ndhedhes-ndhedhes dhateng kula sadaya tumrap kula piyambak-piyambak dalah ahli waris kula, pandangunipun: Apa bapakmu isih urip? Apa kowe isih duwe adhi? Kula lajeng sami ngaturi wangsulan ing saleresipun. Mila ngertos kula saking pundi, bilih badhe wonten dhawuh: Adhimu iku gawanen mrene!”

Purwaning Dumadi 43