Purwaning Dumadi 40:17-21 Kitab Sutji (JAV)

17. Dene tenong kang dhuwur isi dhaharan warna-warna kagem Sang Prabu Pringon, olah-olahane juru masak; nanging tenong kang daksunggi mau isine banjur dipangani manuk.”

18. Yusuf banjut mangsuli: “Makaten tegesipun impen wau! Tenong sungsun tiga inggih tigang dinten.

19. Salebetipun tigang dinten punika Sang Prabu Pringon badhe nginggahaken panjenengan dhateng papan ingkang inggil, panjenengan badhe dipun gantung ing cagak, saha peksi-peksi badhe nedha daginging salira panjenengan.”

20. Kacarita bareng telung dinane, mbeneri dina wiyosane Sang Prabu Pringon, panjenengane nganakake pista kanggo para punggawane, kabeh lurah pangunjukan lan lurah dahaharan padha disengkake sirahe ana ing satengahe para abdi.

21. Lurah pangunjukan dibalekake pangkate lawas, dadi kelakon nyaosake gelas pangunjukan marang astane Sang Prabu Pringon maneh.

Purwaning Dumadi 40