Purwaning Dumadi 39:15-23 Kitab Sutji (JAV)

15. Bareng krungu aku mbengok seru banget, klambine ditinggal ana ing kene banjur enggal-enggal lumayu metu.”

16. Klambine Yusuf iku diselehake ana ing sandhinge nganti sakondure bendarane.

17. Sang Potifar iya diaturi uninga mangkono, ature: “Abdi tiyang Ibrani ingkang panjenengan lebetaken mriki punika murugi kula badhe dipun sembranani.

18. Nanging sareng kula bengok-bengok, rasukanipun lajeng dipun tilar wonten sandhing kula, sarta tumunten mlajeng medal.”

19. Bareng bendarane midhanget ature kang garwa: “Makaten lan makaten pandamelanipun abdi panjenengan dhateng kula,” temah bendarane muntab dukane.

20. Yusuf tumuli dicekel dening bendarane lan dilebokake ing pakunjaran, papan kanggo nahan wong-wong kang kaluputan marang Sang Prabu. Kaya mangkono anggone Yusuf kinunjara.

21. Nanging Sang Yehuwah nunggil kalawan Yusuf, kaparingan sih lan diolehake ati saka panggedhene pakunjaran.

22. Panggedhe pakunjaran mau nganti mracayakake sakehe tahanan marang pangreksane Yusuf, lan sakehe pagawean kang kudu ditindakake ana ing kono, iya Yusuf kang ngurus.

23. Panggedhe pakunjaran wus ora ngawruhi apa-apa tumrap samubarang kang wus dipasrahake marang Yusuf, marga Sang Yehuwah nunggil kalawan Yusuf lan apa kang ditindakake iku dilestarekake dening Sang Yehuwah.

Purwaning Dumadi 39