9. Yusuf banjur ngimpi maneh, iku iya dicaritakake marang para sadulure, pangucape: “Lah aku ngimpi maneh: Srengenge, rembulan sarta lintang sawelas padha katon sujud lan nyembah ana ngarepku.”
10. Bareng bab iki dicaritakake marang kang rama lan para sadulure, temah didukani dening kang rama: “Impen apa ta impenmu iku? Mangsa ta yen aku, ibumu lan para sadulurmu bakal padha sumungkem ing bumi ana ing ngarepmu?”
11. Sadulur-sadulure dadi padha ewa marang Yusuf, nanging kang rama nyathet iku ing sajroning panggalihe.
12. Ing sawijining dina para sadulure padha angon raja-kayane kang rama ana ing jajahan Sikhem.
13. Rama Israel tumuli ngandika marang Yusuf: “Kamas-kamasmu rak lagi padha angon raja-kaya ana jajahane Sikhem. Mulane kowe dakkongkon niliki mrana!” Ature Yusuf: “Sandika.”
14. Banjur pangandikane maneh: “Kowe mranaa, tilika kaslametane sadulur-sadulurmu lan kaslametane raja-kaya, mengko aku kandhanana!” Mangkono Rama Yakub anggone utusan Yusuf saka ing lebake Hebron lan banjur wis tekan ing Sikhem.
15. Bareng Yusuf lagi mlaku mrana-mrene ana ing ara-ara, banjur kapethuk sawijining wong lanang kang ngaruh-aruhi: “Sampeyan madosi punapa?”
16. Wangsulane Yusuf: “Kula madosi sadherek-sadherek kula, kula mugi sampeyan tedahaken wonten ing pundi anggenipun sami angen?”
17. Celathune wong mau: “Sampun sami kesah saking ngriki, awit kula mireng anggenipun sami reraosan: Payo padha menyang Dhotan.” Dadine Yusuf banjur nusul para sadulure, sarta padha ketemu ana ing Dhotan.
18. Saka kadohan Yusuf wus diawasake tekane, sadurunge nyedhak para sadulure mau padha sarujukan golek akal supaya bisaa mateni Yusuf.