Purwaning Dumadi 37:11-29 Kitab Sutji (JAV)

11. Sadulur-sadulure dadi padha ewa marang Yusuf, nanging kang rama nyathet iku ing sajroning panggalihe.

12. Ing sawijining dina para sadulure padha angon raja-kayane kang rama ana ing jajahan Sikhem.

13. Rama Israel tumuli ngandika marang Yusuf: “Kamas-kamasmu rak lagi padha angon raja-kaya ana jajahane Sikhem. Mulane kowe dakkongkon niliki mrana!” Ature Yusuf: “Sandika.”

14. Banjur pangandikane maneh: “Kowe mranaa, tilika kaslametane sadulur-sadulurmu lan kaslametane raja-kaya, mengko aku kandhanana!” Mangkono Rama Yakub anggone utusan Yusuf saka ing lebake Hebron lan banjur wis tekan ing Sikhem.

15. Bareng Yusuf lagi mlaku mrana-mrene ana ing ara-ara, banjur kapethuk sawijining wong lanang kang ngaruh-aruhi: “Sampeyan madosi punapa?”

16. Wangsulane Yusuf: “Kula madosi sadherek-sadherek kula, kula mugi sampeyan tedahaken wonten ing pundi anggenipun sami angen?”

17. Celathune wong mau: “Sampun sami kesah saking ngriki, awit kula mireng anggenipun sami reraosan: Payo padha menyang Dhotan.” Dadine Yusuf banjur nusul para sadulure, sarta padha ketemu ana ing Dhotan.

18. Saka kadohan Yusuf wus diawasake tekane, sadurunge nyedhak para sadulure mau padha sarujukan golek akal supaya bisaa mateni Yusuf.

19. Anggone guneman mangkene: “Lah kae delengen, si juru ngimpi kita teka!

20. Kang iku payo padha dipateni lan dicemplungake ing salah sijining sumur iku, nuli mengko dikandhakake yen dimangsa kewan galak; mengko kita bakal weruh kapriye kadadeane impene iku.”

21. Bareng Ruben krungu kang kaya mangkono, sedyane arep nguwalake Yusuf saka tangane para sadulure, pangucape: “Aja nganti kita pateni ta!”

22. Pituture Ruben: “Aja nganti ngwutahake getih, cemplungna sumur kang ana ing pasamuwan kono bae! Mung aja kokkapak-kapakake!” Iku pamurihe supaya bisa ngluwari Yusuf saka tangane para sadulure lan diulihake marang kang rama.

23. Kacarita bareng Yusuf lagi bae tekan ing ngarepe para sadulure, tumuli diuculi jubahe, iya jubah kang endah banget kang lagi dianggo iku.

24. Banjur dilarak lan dicemplungake ing sumur. Sumur mau asat, ora ana banyune.

25. Sawuse mangkono banjur padha mangan kembulan. Bareng padha ndengengek, weruh ing kadohan ana kapilah bangsa Ismael kang teka saka Gilead, untane padha momot damar, balsem lan blendok lod, arep digawa menyang tanah Mesir.

26. Celathune Yehuda marang para sadulure: “Untunge apa yen kita mateni adhi kita lan ndhelikake getihe?

27. Payo padha didol bae marang wong Ismael kae, nanging aja nganti kita kapak-kapakake, marga iku sadulur kita, kulit daging kita.” Sadulure padha manut kabeh.

28. Kacarita nalika ana sudagar-sudagar Midian liwat, Yusuf dientasake saka ing jero sumur, lan didol marang wong Ismael, payu rong puluh sekel salaka; Yusuf banjur digawa menyang ing tanah Mesir.

29. Bareng Ruben mbaleni sumur mau, tetela Yusuf wus ora ana ing jero sumur, tumuli nyuwek-nyuwek panganggone.

Purwaning Dumadi 37